Sidekick

Urip mung mampir ngejus

Wi, sakdurunge surat cinta iki mbok woco aku mung pengen ngenei reti satu hal wae. Isoh dadi iki pertama kaline sak jek urip aku nulis blog nganggo boso Jowo. Njuk urusane opo ro koe? Soale koe ki tak anggep uwong spesial wi, koe ki kancaku, nganti aku relo nulis iki go koe, nganggo boso Jowo teneh, nulis nganggo boso Jowo ki angel cuk!

Aku nulis iki soale aku sayang sebagai konco mbek koe. Aku ra isoh dolan maneh nang omahmu makane aku ndelok kabar-kabarmu soko jejaring sosial. Fungsine jejaring sosial sakjane lak kui tho? Lah aku bar ndelok tweet-tweetmu Wi. Cetu nek uwong ki ra isoh dinilai soko aktivitase nang jejaring sosial lan blog e. Si Howard Rheingold kan yo tau njelaske kui nang bukune Virtual Identity, nek urip menungso nang kehidupan nyata mbek nang dunyo maya ki bedane adoh.

Mergane koe kerep berkicau masalah aktifitas lan opo seng mbok anggep kui penting. Aktifitasmu misale ngeritik forum foto lah, nyetalker uwong lah, ngising lah. Seng mbok anggep penting misale penggelapan pajak lah, pemusnahan ketek lah, lingkungan Samarinda lah, macem-macem pokmen.

Pertama yo wi, ngeritik karo ngerusuhi ki bedo. Nek koe pengen ngeritik yo susun argumenmu le kuat. Donald Trump (tulisane bener po ra? aku ki ndeso je) tau ngomong rasah nyerang pendapat wong liyo, tapi kuatke argumenmu soyo koe bakal sukses. Menurutku koe kui kakean ngerusuhi Wi urusane wong liyo wi. Sifat dasar menungso ki ra gelem dirusuhi wi, kudune koe mulai sinau kui.

Njuk seng keloro Wi, peduli karo sesuatu ki penting, penting banget. La kui jarene wong-wong pinter neng Arab kono (nek jare wong pinter istilah e Arab Spring opo Springbed, mbuhlah) ono revolusi mergane jejaring sosial. Tapi menurutku seng uwong pekok iki rasah ribet ngurusi wacana-wacana gede. Koe rasah cerewet ngurusi masalah-masalah gede. Meh koe ngenyek Aburizal Bakrie nganti telekmu garing ra bakalan merubah nasib pengungsi Lapindo. Opo koe meh ngenyek pengusaha sawit nganti vokalise The Bagindas dadi ganteng ra bakalan pengusaha sawit tobat. Soale opo? Soale aku, koe ki duduk sopo-sopo Wi. Lah njuk carane ben dirungokke piye? Yo dadi sopo-sopo. Lah ben dadi sopo-sopo ki yo kudu usaha lan ora instan.

Selain kui aku yo kerep takon-takon lewat sms karo konco-konco tentang koe. Takon koe kabare piye? Biasane do jawab “Yo ijek ngono kae”. Jujur aku sedih Wi. Nek oleh jujur Wi, aku ro Jaki ki sering iri mbek koe. Koe ndue segalane go maju. Koe ra perlu mikir “Bajigur sesuk aku melu lomba opo yo ben hadiah e isoh go urip selama sewulan ngarep”. Aku ro Jaki mbiyen kadang mumet golek info lomba mung ben entuk hadiah lan isoh urip, nganti meh melu lomba Voli barang, bayangke Wi, lomba Voli, lak ngising tenan kui. Koe ndue kabeh wi, nek koe meh dadi penulis bukumu akeh, tuku yo rasah mikir duite, nek koe meh dadi fotografer peralatanmu yo lengkap, nek meh dadi videographer yo lengkap tenan peralatanmu. Tapi sayange koe jarang nyadar kui, akeh uwong seng iri mbek koe lho Wi.

Koe ki yo konco kentel bolo mendemku (nek mendem aku ora sih, aku ngombe Tebs ae mumet). Aku ro koe tau numpak bus ekonomi nang Jakarta mung pingin ndelok demo, njuk bus e mogok teneh nang dalan tol. Koe ro Yogi yo tau ngancani nginep nang Tegal go Eagle Award, meski gagal lima besar paling ora kui berkesan go awak e dewe. Koe yo kerep banget ngewangi aku shooting, nek ra ono koe ra mungkin awak e dewe entuk penghargaan nang FFD. Omahmu ki ibarat e koyo omah kedua ku nang Jogja Wi. Masa mudaku kerep tak entekke mbek koe.

Akeh uwong seng sengit mbek koe karena beberapa alasan. Tapi bagiku koe tetep konco kentelku Wi. Meh rupamu elek, meh WC omahmu ra ceto, meh gulo neng omahmu kerep entek, aku tetep nganggep koe koncoku Wi. Aku reti neng jero atimu paling njero (uasu koyo homo iki dadine) koe ki apikan. Apikan banget malah, “Dwi ki jan-jane apikan banget lho We, asal pas ra mabok ae,” jare Yogi koyo ngono. Aku setuju tenan mbek Yogi. Koe ki apikan, tapi aku yo ra isoh ngopo-ngopo nek ono uwong le sengit mbek koe, lha soale kadang koe nganyelke je, po meneh nek lagi turu, rupamu koyo tapir Wi Wi.

Meskipun ngono aku tetep sayang koe sebagai teman. Tapi Wi rasa sayang ae ra cukup (hajingan lak homo tenan tho iki), urip ki kudu terus bergulir. Koe raisoh mung ra ceto urip koyo jaman enom. Lontang-lantung ra karuan. Saiki awak e dewe wes tuo cah, kudu sadar urip. Ibarat e nek jaman enom ngising sak gon-gon rapopo nek saiki yo kudu bangun toilet sek. Sukur-sukur toilet e guno go wong liyane.

Nah Wi, saiki timbang aktivitasmu ra ceto, nek ra macak dadi aktivis lingkungan peduli ketek mbok mending lakukan hal kecil seng luih guno. Skripsimu kui digarap, Bapakmu kui sayang temen mbek koe, yo dibalas lah rasa sayang e dengan lulus kurang dari lima tahun. Nek ra pomone koe peduli ketek rasah ngomong gede-gede ngeritik sawit barang. Kono nang omahmu kan akeh cah cilik yo diajari peduli lingkungan, nei reti gambar ketek terus ngomong iki hewane kudu disayang lho le. Urip ki simpel kok Wi, rasah koyo Mario Teguh lah kabeh-kabeh digowo ribet.

Dengan melakukan hal-hal kecil kui uripmu isoh luih fokus (lha malah macak Mario Teguh tho aku). Nek perlu bantuan yo jak-jaki kanca-kancamu. Dadine uwong isoh ndelok nek koe ndue niat apik. Kabeh uwong pasti gelem ngewangi koe nek niatmu apik. Kabeh ki tergantung niat e nek jare kanjeng Rasul Wi.

Wes wi, saranku dan kritikanku sebagai konco kentelmu ngono wae. Sakjane aku isoh wae sms koe perihal iki. Tapi aku pingin nulis iki Wi, aku pingin wong liyo yo reti nek koe ki sakjane apikan. Aku pingin koe sadar nek ono potensi neng uripmu seng durung mbok kembangke. Umpomo ono salah-salah kata yo aku njaluk pangapuro. Mugi-mugi saran lan kritikanku iki guno go koe. Aku mung pingin umpomo pas aku ndue anak terus ketemu koe aku isoh ngomong, “Le iki kancane Bapak pas kuliah, mbiyen uwong e ra ceto le tapi saiki dadi wong sukses lan sangar,”. Aku mung pingin kalimat kui keluar soko mulutku go anakku. Sukses go koe wi, aku selalu mendoakanmu.

3 thoughts on “Surat Cinta Untuk Dwi

  1. We, maaf ya aku nyentang angker 3x lho.
    Pokoke iki tulisanmu angker banget!

    Like

  2. rocky says:

    serasa moco pepak boso jowo w :p

    Like

Leave a comment